80 Taun Mengabdi, Polri Gawe Masyarakat: Forkopimda Gresik Tasyakuran Hari Bhayangkara ke 80

Reporter : Bay

GRESIK - Semangat bareng-bareng lan sinergi antarane pemerintah daerah, TNI, Polri, ambi kabeh elemen masyarakat ketok nemen pas peringatan Hari Bhayangkara ke-80 ring Kabupaten Gresik. Polres Gresik ambi Pemerintah Kabupaten Gresik nggelar upacara lan tasyakuran pas dino Rebo, (01/07/2026) ning Lapangan ambi Lantai 4 Kantor Pemkab Gresik, temane '80 Taun Mengabdi, Polri gawe Masyarakat'.

Acara iki ditekani karo jajaran Forum Koordinasi Pimpinan Daerah (Forkopimda), tokoh agama, tokoh masyarakat, ambi macem-macem unsur pemerintahan.

Seng teko nang kene antarane Bupati Gresik Fandi Ahmad Yani, Kapolres Gresik AKBP Ramadhan Nasution, Dandim 0817/Gresik Letkol Inf. Fadly Subur Karamaha, Kepala BNN Kabupaten Gresik AKBP Suharsi, Ketua DPRD Syahrul Munir, Ketua Pengadilan Negeri Achmad Rifai, Wakil Bupati dr. Asluchul Alif, Kajari Zam Zam Ikhwan, Sekretaris Daerah Achmad Washil Miftahul Rachman, ambi jajaran Forkopimda liyane.

Bupati Gresik dadi Inspektur Upacara sisan mocono amanat soko Presiden Republik Indonesia, Prabowo Subianto. Ring amanat iku, Presiden nandhesno limo arah kebijakan strategis gawe Polri. Yaiku nguatno reformasi kelembagaan, nambah profesionalitas cek cekatan nggawe teknologi informasi, lan nguatno kapasitas SDM gawe ngadhepi tantangan jaman digital. Gak lali njogo organisasi cek luwih fleksibel ngadhepi dinamika global, ambi nguatno legitimasi institusi liwat budaya integritas lan cepet tanggap nang aspirasine masyarakat.

Presiden yo ngekei apresiasi gawe kontribusine Polri seng wis ngawal macem-macem program prioritas nasional. Mulai soko program mangan bergizi gratis, nguatno swasembada pangan liwat optimalisasi lahan pertanian, mbrantas judi online ambi narkoba, sampek njogo iklim investasi ning kawasan industri strategis nasional.

Rangkaian upacara ditutup ambi tradisi Andhika Bhayangkari, nyanyekno Hymne Polri, terus dungo bareng dadi wujud syukur atas perjalanan dowo pengabdian Korps Bhayangkara sing wis wolung dekade.

Suasana sing akrab iki terus berlanjut nang acara tasyakuran ning Lantai 4 Kantor Pemkab Gresik. Acarane dimulai ambi ngekei santunan nang 20 arek yatim dadi wujud kepedulian sosiale Polri nang masyarakat.

Pas kesempatan iku, Kapolres Gresik AKBP Ramadhan Nasution mocono sambutan soko Kapolda Jawa Timur sing nyampekno apresiasi gawe sinergine kabeh elemen masyarakat liwat semangat Jogo Jatim.

Kapolda yo nyampekno sepuro seng akeh lek misale pelayanane Polri jek dorong iso nggapethi kepengenane masyarakat sak utuhe. Sisan negesno lek kabeh kritik lan masukan bakal dadi motivasi gawe terus bebenah cek dadi Polri sing Presisi.

Sementara iku, Bupati Gresik Fandi Ahmad Yani ngekei apresiasi atas macem-macem capaian Polres Gresik sing wis njogo keamanan ambi ketertiban masyarakat. Jare de'e, keberhasilan mungkang jaringan narkoba lintas Madura-Gresik wis nylametno generasi enom soko bahaya narkotika.

Bupati yo ngelem keberhasilane Polres Gresik sing iso njogo situasi tetep kondusif pas ono agenda gede koyok Suroan Agung ambi pengesahan warga anyar perguruan silat. Carane liwat pendekatan dialogis sing tetep ngajeni nilai-nilai kearifan lokal.

Gak mung iku, penanganan macem-macem kasus kejahatan, kelebu curanmor, dianggep melu njogo iklim investasi lan ndukung pertumbuhane UMKM nang Kabupaten Gresik.

"Gawe Pemerintah Kabupaten Gresik, sing jenenge keamanan iku dudu mung tujuan akhir, tapi dadi pondasi utama pembangunan. Lek daerahe kondusif, investasi bakal tumbuh, lan masyarakat iso podo aktivitas tanpo roso kuatir," jare Bupati pas sambutan.

Dadi puncak acara, Kapolres Gresik ambi Bupati ketok motong tumpeng karo kue ulang taun dadi simbol roso syukur atas pengabdian Polri sakwene 80 taun nang bangsa lan negara. Acara iki yo dikeseki tontonan selayang pandang perjalanane Polres Gresik, ngekei penghargaan nang personel sing berprestasi, ngekei hadiah gawe sing menang lomba internal, ambi prosesi pelepasan kebak pakurmatan gawe personel Polri lan ASN sing wis mlebu masa pensiun (purna tugas).

Kabeh rangkaian acara mlaku aman, tertib, lan akeh kehangatan. Iki dadi momentum gawe nguatno sinergi antarane Polri, pemerintah daerah, TNI, lan masyarakat sing njogo keamanan sisan ndukung pembangunan cek Kabupaten Gresik tambah maju, aman, lan sejahtera.

Editor : Redaksi

Pemerintahan
Trending Minggu Ini
Berita Terbaru