Polisi Isik Buru Maling Omah Kosong Sing Nang Bendul Merisi, Kapolsek Wonocolo: Tak Cek Perkembangane

Reporter : Redaksi
Gambar ilustrasi Maling Omah Kosong. (Dok AI)

SUROBOYO – Maling sing mbobol omah kosong neng Bendul Merisi, Wonocolo, nganti saiki isih durung kecekel. Nanging, Polsek Wonocolo njamin nek kasus iki ora mandek ngono ae. Kapolsek Wonocolo, Kompol Hariyoko Widhi, langsung menehi atensi ben penyelidikane luwih digas maneh.

Sing dadi korban yaiku Moch Fauzi Muslim. Omahé neng Jalan Bendul Merisi Gang Besar Selatan dibobol maling pas dewek e Karo bojone nyambut gawe. Barang sing dilaporno ilang lumayan akeh, mulai HP Samsung A9, gelang emas pitung gram, cincin emas sak gram setengah, tekan surat tuku emase. Yen ditotal, kerugiannya nganti belasan yuto rupiah.

Untunge, loro BPKB motor sing sempet dikira melu ilang wis ketemu maneh. Dadi saiki fokus e penyidik mung nggoleki barang liyane lan mburu pelakune.

Sakwise luwih saka sewulan ngenteni kabar, korban pungkasane nompo SP2HP soko Polsek Wonocolo. Surat e metu sedina sakwise wartawan konfirmasi langsung marang Kapolsek.

"Coba tak cek dhisik perkembangane, Mas," jawabe Kompol Hariyoko liwat WhatsApp e.

Soko SP2HP kuwi diterangno nek polisi wis teko TKP, wis merikso lokasi, njupuk keterangan korban lan saksi-saksi, nganti nglumpukno informasi sing diduga ono gandheng cenenge karo pelaku.

Nanging yo ngono, isih ono kendala. Nang sekitar TKP ora ono CCTV, saksi sing ngerti pas kejadiannya yo minim. Ditambah maneh dus HP lan nomor IMEI ora ono, nggawe HP sing ilang angel dilacak.

Meski ngono, Kanit Reskrim Polsek Wonocolo, Ipda Abdul Rohim, njamin anggotane ora bakal nyerah.

"Anggota wis njaluk keterangan soko sawetara saksi. Nanging nganti saiki durung nemu petunjuk sing ngarah neng pelaku. Penyelidikan isih terus mlaku," ujare.

Abdul Rohim yo ngakoni nek SP2HP telat diwenehno marang korban. Dheweke kandha kuwi dadi bahan evaluasi internal.

"Penyidik tak omeli, Mas. Mosok korban suwe kok ora dikabari SP2HP. Suwun yo wis ngelingno," jarene marang wartawan.

Saiki korban Isik arep-arep polisi iso nemokno pelakune lan barang-barang sing digondol iso balik marang deweke. Sebagian warga sing saiki wis resah Mergo kejadian kui yo kepingin polisi cepet nangkep maling e supoyo lingkungane balik aman maneh. 

Selain kui, warga yo arep arep Polisi menehi kabar perkembangan penyelidikan marang korban utowo pelapor. Mergo nek korban diwenehi kabar, jelas e korban yo rumongso diperhatikno lan ora nganti mikir laporane mandek nang tengah dalan opo ora..(by)

Editor : Redaksi

Pemerintahan
Trending Minggu Ini
Berita Terbaru